Sanjaya (Bahasa Jawa)

1 min read
Arya Sanjaya abdi kinasihe Drestarastra 

Arya Sanjaya kuwi anake Arya Widura utawa Yamawidura lan Dewi Padmarini, anake wadon Prabu Dipacandra. Dene Arya Widura dhewe anake Prabu Kresnadwipayana utawa Begawan Abiyasa, raja negara Astina lan Dewi Ambiki utawa Ambalika.

Arya Sanjaya duwe sedulur tunggal bapa biyung sing jenenge Arya Yuyutsuh. Sanjaya dadi andele lan emban pribadine Dristarastra utawa Drestarastra jalaran saka dhawuhe bapake, yakuwi Arya Widura.

Nalika pecah perang Bharatayuda, Sanjaya didadekake sekti mandraguna dening Begawan Abiyasa. Pamrihe supaya Sanjaya bisa meruhi lakune perang Bharatayuda saka njero kraton tanpa kudu meruhi dhewe apa kang dumadi ing perang gedhen-gedhenan antarane kulawarga Pandhawa lan Kurawa kuwi.
 
Daya kasektene Sanjaya kang mangkene iki kanggo nuruti pepenginane Drestarastra sing wuta nanging pengin weruh lakune perang antarane anak-anake, kulawarga Kurawa, kalawan para Pandhawa.

Prabu Drestarastra lungguh ing dhampar keprabon lan Sanjaya lungguh sila ing jobin, nemplek ing dhampar keprabon sing ana ing njero karaton. Sanjaya ngeremake mripate lan banjur nyritakake kabeh kedadeyan ing perang Bharatayuda kanthi cetha ceples kedadeyan sanyatane.
Prabu Drestarastra ngrungokake kabeh andharane Sanjaya lan wola-wali luhe Drestarastra dleweran nalika krungu siji mbaka siji anake, kulawarga Kurawa, mati ing pabaratan jalaran mbela tumindak lan sikep sing nerak bebener.

Rina lan wengi Sanjaya tansah ngladeni kekarepane Drestarastra. Nalika Bharatayuda wus rampung lan negara Astina dikuwasani dening Pandhawa sing pancen duwe hak, Drestarastra banjur metu saka karaton Astina lan mlebu ing alas gedhe kanggo ngudi kamoksan kairing dening Sanjaya. 

::Ichwan Prasetyo::

Anda mungkin menyukai postingan ini

  • Lokapala, miturut carita Jawa araning nagara, kang jumeneng ratu tedhak turune Bathara Guru. Nanging miturut buku-buku asli Indu, kayata Mahabharata lan Utarakanda, Lokapala iku…
  • Cerita Wayang Mahabarata dengan lakon Pandawa Kembar dalam Bahasa Jawa Hmmm… Kakang Kurupati menyang Ngamarta nggawa prajurit sagelar sapa-pan ana parigawe apa?” pita­kone Wrek…
  • Cerita Wayang Leluhur Pandawa dan Kurawa dalam Bahasa Jawa -Ana sawatara versi crita bab sapa leluhure Pandawa lan Kurawa. Ana sing ngandharake yen iku Bharata, putrane Prabu D…
  • Jejer Ngastina. Duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti jalaran lahire ponang jabang bayi kang awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah bungkus. Kurawa uga me…
  • Cerita Wayang Bahasa Jawa Crita : Pandawa Lima - Wayang sing paling digandrungi masyarakat iku lumrahe cerita kang megepokan karo serial Mahabarata. Sanadyan cerita Ramayana anane…
  • Arya Sanjaya abdi kinasihe Drestarastra  Arya Sanjaya kuwi anake Arya Widura utawa Yamawidura lan Dewi Padmarini, anake wadon Prabu Dipacandra. Dene Arya Widura dhewe ana…