Laire Gathutkaca

4 min read
Cerita Wayang dalam Bahasa Jawa : Laire Gathutkaca.
remene uga  prihaten sanget nalika putane Raden Werkudara lan Dewi Arimbi lair Laire Gathutkaca

Ing sawijining dina, kaluarga Pandawa lima lagi remen-remene uga prihaten sanget nalika putane Raden Werkudara lan Dewi Arimbi lair. Amarga bayi kang dilahirake dening Dewi Arimbi awujud raksasa, lan sampun umur 1 taun ari-arine isih nempel durung bisa pedhot. Putrane Raden Werkudara lan Dewi Arimbi mau diwenehi jeneng Tetuka, nanging ing sawijining dina banjur dadi Gathut Kaca.

Amarga nalika lair Tetuka awujud raksasa (buta), Raden Werkudara lan para sedhereke Pandhawa ngrasa isin, amarga Tetuka awujud raksasa lan tali pusare durung pedhot-pedhot. Banjur para Pandhawa lima padha ngupaya kepriye carane bisa ngubah Tetuka dadi wujud manungsa biasa lan medhot tali pusare Tetuka kuwi. Kanggo ngrampungake masalah iki banjur Arjuna diutus kanggo njaluk pitulungane para Dewa kanthi cara semedi njaluk petunjuk para Dewa. Ing wektu kang padha, Panglima perang Kurawa yaiku Karna uga nglakoni semedi njaluk senjata pusaka marang Dewa.

Kaprasahan lan Kekhusyukan semedi kang dilakoni Arjuna iku bisa dadekake goncange kahyangan, saengga Dewa gawe kaputusan bakal menehi pusaka kanggo medhot tali pusare Tetuka, saengga ari-arine bakal pedhot saka awake. Banjur Bathara Narada diutus kanggo menehake senjata Kunta wijayadanu marang Arjuna. Ing kene kedadean anane kakeliruan, Bathara Narada ora bisa bedakake antarane Arjuna lan Karna kang padha nglakoni semedi.

Amarga saka Bathara Narada kang ora bisa bedakake Arjuna lan Karna, akhire Bathara Narada menehake senjata marang Karna. Nalika ngerti yen kliru, Bathara Narada banjur cepet-cepet goleki Arjuna lan ngutus Arjuna njaluk senjata Kunta wijayadanu marang Karna. Ora suwe Arjuna wis ketemu Karna lan njaluk senjata Kunta wijayadanu marang Karna. Nanging Karna ora gelem menehake senjata Kunta, banjur ndadekake perang tanding antarane Arjuna lan Karna. Ing perang mau akhire Arjuna bisa ngrebut sarung pusaka, nanging senjatane isih digawa mlayu Karna.

Arjuna mulih kanthi gawa sarung/warangka senjata Kunta wijayadanu. Senjata mau pancen sekti, karo sarunge wae bisa medhot tali pusare Tetuka. Nanging anehe sarung senjata mau mlebu ing jero awake Gathut Kaca. Sawise iku Kresna ngramalake kadadean kasebut, bilih besok Gathut Kaca bakale mati ing tangane kang duwe senjata kasebut.

Ing wektu iku kahyangan para Dewa lagi ngadepi masalah gedhe. Patih Sekipu lan bala tentarane ngobrak-abrik kahyangan amarga diutus Prabu Kala Pracona. Para Dewa kalah banjur Sang Hyang Bathara Prabu ngutus para Dewa supaya golek jago kang bisa ngalahake Sekipu lan Kala Pracona. Akhire Bathara Narada diutus ngubengi jagad raya, menawa ana satriya kang khusyuk semedine, saengga bisa ngalahake Patih Sekipu lan Prabu Kala Pracona.

Satriya Pandhawa ing wektu iku lagi khusyuk semedine njaluk marang Dewa supaya ngubah wujud Tetuka kang wujud raksasa.  Amarga semedine kang kanthi temenan iku, bisa ngubah langit dadi peteng, gunung-gunung padha obah, segara asat amber, lan jagad gonjang-ganjing, sarta udan salah mangsa. Saka kadadean iku Bathara Narada ngerti yen ana manungsa kang khusyuk semedi njaluk marang Dewa supaya maksude dikabulake Dewa.

Bathara Narada banjur gugah semedi para Pandhawa. Nanging Bathara Narada njaluk marang para Pandhawa menehake bayi Tetuka marang dheweke supaya didadekake jago nglawan Patih Sekipu lan Prabu Kala Pracona kang wis ngrusak kahyangan. Sawise entuk ijin saka Pandhawa, bayi Tetuka digendhong digawa mabur dening Bathara Narada ing Kahyangan.

Nanging Sekipu lan Kala Pracona ora gelem nglawan bocah cilik. Akhire, Bathara Narada nggawa Tetuka marang ahli senjata pusaka Empu Ramadi. Sang Empu siap nempa Tetuka supaya siap tanding karo Sekipu lan Kala Pracona. Banjur Tetuka digowo ing kawah Candradimuka, dilebokake ing kawah bebarengan karo kabeh pusaka ampuh.

Balunge digawe saka wesi. Drijine saka gunting, telapakane saka pacul, brengose saka kawat. Sawise iku banjur dijipuk maneh saka kawah. Tetuka ora awujud bayi, nanging awujud pamuda kang wis dewasa nanging durung bisa ngomong. Banjur diobati supaya bisa ngomong. Tetuka diwenehi jeneng lengkap, yaiku Gathut Kaca lan Kacanagara.

Dening Bathara Guru diwenehi 3 busana pusaka. Kang kapisan Caping basunanda, supaya yen udan ora teles lan yen panas ora kepanasen. Kang kaping pindo, kotang antakusuma, supaya bisa mabur tanpa elar. Kang kaping telu, selaput pada, supaya yen mabur ing duwur lemah bisa lancar tanpa gangguan angin.

Dening Bathara Narada, Gathut Kaca banjur ditemokake karo Kala Pracona. Kaloro-lorone pada perang. Kabeh Dewa Dewi ndelok perang tanding iku. Kabeh padha ngarepake Gathut Kaca menang lan bisa balekake katentraman ing kahyangan. Akhire sawise tarung, Gathut Kaca bisa ngethok sirahe Kala Pracona.

Karlina Setiyanti
http://karlinasetiyanti.wordpress.com

Anda mungkin menyukai postingan ini

  • Raden Samba, satriya ing Paranggarudha, uga akekasih raden Wisnubrata. Baguse ora njamak, awit wong-wong padha alok baguse kaya Samba, nadyan wong bagus sepirang-pirang. Kej…
  • Cerita Wayang  Petruk (Bahasa Jawa) - Petruk iku salah sijine Panakawan anake Semar, kangmase Gareng, Bagong. Dheweké duwé bojo Dewi Ambarawati, putri saka Prabu Ambarasraya …
  • Jayadrata dudu wargane Kurawa kang cacah 100. Ananging, kayadene Basukarna utawa Adipati Karna, Jayadrata dadi salah sijine tetunggule kulawarga Kurawa ing perang Bharatay…
  •  Dewi Surtikanti milih mbela pati sisihane  gambar Surtikanti gaya Jogja Dewi Surtikanti iku anake Prabu Salya lan Dewi Setyawati utawa Dewi Pujawati. Dene Dewi …
  • Cerita Wayang dalam Bahasa Jawa : Laire Gathutkaca. Ing sawijining dina, kaluarga Pandawa lima lagi remen-remene uga prihaten sanget nalika putane Raden Werkudara lan Dewi A…
  • Cerita Wayang Bahasa Jawa : Pandawa Dadu - Sasampunipun pendhawa saged medal saking bale Sigala-gala, wusana saget medal mbangun praja wonten ing tlatah Endraprastha utawi Amarta.…