Srenggana - Srenggini (Bahasa Jawa)

2 min read
Dewi Srenggana dan Dewi Srenggini iku anake kembar Resi Badawanganala ing pertapan Sumur Upas lan sisihane sing jenenge Dewi Srunggagini. Ing jagad pedhalangan putri loro kembar iki sinebut Dewi Srengganawati lan Dewi Srengginiwati.

Dewi Srengganawati dhaup lan Naluka, nurunake Dewi Sritanjung. Dewi Srengginiwati dhaup lan Sahadewa, nurunake Bambang Widapaksa utawa Sidapaksa. Ing lakon Dhaupe Nakula Sahadewa dicritakake saka kawitan malih rumape Bathari Durga dadi Dewi Kunti.

Bathari Durga sing njilma wujud Dewi Kunti iku banjur andon wasis lan andon ilmu bab sejatining lanang, sejatining wadon kalawan Sahadewa. Sawise dibabar kabeh, Dewi Kunti daden-daden iku banjur njaluk saresmi kalawan Sahadewa.

Ananging Sahadewa nampik pepenginane Dewi Kunti daden-daden iku amarga kelingan yen Dewi Kunti iku ibune. Dewi Kunti daden-daden tetep meksa pengin saresmi kalawan Sahadewa, ananging Sahadewa milih mlayu ninggalake. Dewi Kunti daden-daden banjur nyuwek sandhangane lan wadul marang Werkudara.

Bima dadi lan nesune nalika weruh kaanane Dewi Kunti (daden-daden iku). Luwih-luwih sawise ngerti yen suweke sandhangane iku amarga pokale Sahadewa. Tanpa suka kalodhangan tumrap Sahadewa kanggo njlentrehake apa sing kedaden satemene, Bima banjur ngajar Sahadewa sakkatoge. Sahadewa uga banjur diguwang ing Sumur Upas engga nemahi pati.

Sawijining dina, Dewi Srenggana dan Dewi Srenggini ngimpi dadi sisihane ragile Pandhawa, yaiku si kembar Nakula dan Sahadewa. Sahadewa sing ditemokake mati banjur diuripake maneh dening Resi Badawanganala.

Sawise takon tinakokan kalawan Sahadewa, Resi Badawanganala banjur nemokake Sahadewa kalawan anake wadon. Sahadewa arep dijodhokake kalawan salah sijine anake kembar iku. Putri kembar anake Badawanganala ora kabotan waton Sahadewa bisa napsirake ilmu sejatining lanang, sejatining wadon.

Wusana Sahadewa kasil ndhudhah lan napsirake ilmu kasebut. Putri loro kembar iku dening Resi Badawanganala banjur dipasrahake marang Sahadewa, sabanjure diboyong tumuju Amarta utawa Amerta.

Satekane ing Endraprasta, Sahadewa lan Nakula bisa males tumindake Dewi Kunti daden-daden lumantar pitulungane Semar. Dewi Kunti banjur badar maneh ing wujud sakawit, yaiku Bathari Durga.

Bathari Durga banjur sumingkir tumuju Krendayana ing pasetran Ganda Umayi utawa Gandamayit. Wusana, Dewi Srenggana utawa Srengganawati dhaup lan Nakula, dene Dewi Srenggini utawa Srengginiwati tetep dadi sisihane Sahadewa.

::Ichwan Prasetyo::

Anda mungkin menyukai postingan ini

  • Jayadrata dudu wargane Kurawa kang cacah 100. Ananging, kayadene Basukarna utawa Adipati Karna, Jayadrata dadi salah sijine tetunggule kulawarga Kurawa ing perang Bharatay…
  • Jejer Ngastina. Duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti jalaran lahire ponang jabang bayi kang awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah bungkus. Kurawa uga me…
  • Bambang Sakri iku anake Resi Satrukem lan Dewi Nilawati saka Pujangkara. Sawise dewasa Bambang Sakri kadereng atine supaya enggal duwe sisihan, wanita sing bakal ngancani lan ngam…
  • Cerita Wayang Bahasa Jawa Crita : Pandawa Lima - Wayang sing paling digandrungi masyarakat iku lumrahe cerita kang megepokan karo serial Mahabarata. Sanadyan cerita Ramayana anane…
  • Cerita Wayang Leluhur Pandawa dan Kurawa dalam Bahasa Jawa -Ana sawatara versi crita bab sapa leluhure Pandawa lan Kurawa. Ana sing ngandharake yen iku Bharata, putrane Prabu D…
  • Arya Sanjaya abdi kinasihe Drestarastra  Arya Sanjaya kuwi anake Arya Widura utawa Yamawidura lan Dewi Padmarini, anake wadon Prabu Dipacandra. Dene Arya Widura dhewe ana…