Bambang Sakri (Bahasa Jawa)

2 min read
Bambang Sakri iku anake Resi Satrukem lan Dewi Nilawati saka Pujangkara. Sawise dewasa Bambang Sakri kadereng atine supaya enggal duwe sisihan, wanita sing bakal ngancani lan ngampingi ngadhepi sakehing kaanan ing uripe.

Kanggo nggayuh pepenginane iku, Sakri banjur mbangun tapa, njaluk marang para dewa supaya bisa ketemu kalawan wanita jodhone.

Raja krajan Tabelasuket kasebut, ya Prabu Partawijaya, yektine nembe prihatin amarga nagarane kataman pagebluk, banjur ngudi tumbal kanggo nulak lan ngawekani pageblug kasebut.

Mbarengi kaanan kasebut, ing sawijining padhepokan, Resi Dwapara, sawijining mahadwija ing Atasangin, krasa meri amarga mjuride malik tingal, milih meguru marang Resi Kanumayasa ing pertapan Paremana.

Resi Dwapara nglapurake yen Resi Kanumayasa wus ngimpun para satriya lan raja-raja saka pirang-pirang nagara lan sedya merangi nagara Wirata. Nanging sabanjure, Resi Kanumayasa malah sansaya gedhe pangaribawane. Prabu Partawijaya banjur nemoni Resi Dwapara lan njaluk sarana lan sarat kanggo ngawekani pageblug ing negarane.

Resi Dwapara nyaguhi mbiyantu golek sarana lan sarat panjaluke Prabu Partawijaya. Yen Kanumayasa wus kasil dikalahake, Dwapara bakal enggal ngawekani pageblug sing dumadi ing krajan Tabelasuket.


Partawijaya banjur ngrabasa Paremana, nanging kabeh wadyabalane kasil diasorake. Partawijaya dhewe sing nandhang tatu ing paprangan kasebut banjur sesambat lan nyebut jeneng anak mantune, Bambang Sakri. Wusana, sawise rerembugan, dheweke dhamang yen Satrukem sing kasil ngasorake kasektene iku ora liya besane dhewe, bapakne Bambang Sakri.

Mula Partawijaya banjur bali mulih lan methuk Bambang Sakri dikanthi tumuju Paremana. Ing laku mulihe, Partawijaya mampir ing Atasangin lan ngrabasa Resi Dwapara. Paprangan dumadi kanthi rame banget.

Paratwijaya banjur tinggal glanggang nanging ninggal panantang supaya Resi Dwapara tumeka ing Paremana. Dwapara banjur ngrabasa Paremana dibiyantu murid-muride, ananging kalah lan mlayu bali tumuju Atasangin. Partawijaya tumeka ing Tabelasuket, Bambang Sakri lan Dewi Sati wus duwe anak lanang, nanging durung dijenengi. Sabanjure digawa ngadhep ing Paremana.

Dening Resi Kanumayasa, bayi kasebut dijenengi Parasara. Kanumayasa dumunung ing Paremana. Satrukem dumunung ing padhepokan Girisarangan. Resi Sakri ing Argacandi lan Parasara ing pertapan Srungga.

Kabeh papan kasebut dumunung ing pertapan sing ana gununge cacah pitu. Tlatah kasebut sinebut Saptaharga. Bambang Sakri akeh jasane marang Suralaya lan antuk kanugrahan gelar/pangkat.jejuluk “bathara”. ::Ichwan Prasetyo::

قد تُعجبك هذه المشاركات

  • Cerita Wayang Leluhur Pandawa dan Kurawa dalam Bahasa Jawa -Ana sawatara versi crita bab sapa leluhure Pandawa lan Kurawa. Ana sing ngandharake yen iku Bharata, putrane Prabu D…
  • Lokapala, miturut carita Jawa araning nagara, kang jumeneng ratu tedhak turune Bathara Guru. Nanging miturut buku-buku asli Indu, kayata Mahabharata lan Utarakanda, Lokapala iku…
  • Arya Sanjaya abdi kinasihe Drestarastra  Arya Sanjaya kuwi anake Arya Widura utawa Yamawidura lan Dewi Padmarini, anake wadon Prabu Dipacandra. Dene Arya Widura dhewe ana…
  • Cerita Wayang Bahasa Jawa Crita : Pandawa Lima - Wayang sing paling digandrungi masyarakat iku lumrahe cerita kang megepokan karo serial Mahabarata. Sanadyan cerita Ramayana anane…
  • Bambang Sakri iku anake Resi Satrukem lan Dewi Nilawati saka Pujangkara. Sawise dewasa Bambang Sakri kadereng atine supaya enggal duwe sisihan, wanita sing bakal ngancani lan ngam…
  • Jejer Ngastina. Duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti jalaran lahire ponang jabang bayi kang awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah bungkus. Kurawa uga me…